Jumat, 08 April 2011

pembawa acara dan sambutan

ATUR PAMBAGYA


Nuwun, para sesepuh myang pinisepuh ingkang anggung mestuti mring pepoyaning kautamen.
Para alim, para ulama, para kyai, para ustad-ustadah, para haji, para hajah ingkang rinten dalu tansah sinanding kitab suci kitab wahyu ilahi Al quranul karim ingkang kula ajeng-ajeng ngelmu lan seserapanipun.
Lan mboten kulo supeaken sugeng rawuh dumateng rama kyai haji TAJUDIN AHMAD, S. Pd. I, saking klurahan Parakan Canggah ingkang bade paring obor cecolok ngelmuning agami dumateng masyarakat ing desa Sidomulyo lumeber sakiwo tengenipun.
Ingkang kulo bekteni pimpinan cabang syarikat islam kabupaten banjarnegara, pimpinan anak cabang syarikat islam kecamatan sigaluh, pimpinan anak cabang wanita syarikat islam kecamatan sigaluh, pimpinan anak cabang pemuda muslimin Indonesia kecamatan sigaluh, ingkang sampun kersa mirunggaaken wekdal rawuh wonten pengaosan meniko netepi undanganipun saking panyangkul gati pengetan isro miroj
Para pangemban-pangembating praja, Bp. Kades, Bp. Sekdes, Bp Kadus tuhu para perangkat, kinarya songsong agunging para kawula dasih ingkang tuhu pantes sinudarsana. Para pangemban-pangembating praja, Bp. Kades, Bp. Sekdes, Bp Kadus tuhu para perangkat, kinarya songsong agunging para kawula dasih ingkang tuhu pantes sinudarsana.

Para rawuh kakung sumawana putri ingkang tansah cinaket ing manah.
Langkung rumiyin sumangga tansah ngunjuaken puji syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun kepareng mirahaken kekiyatan, tuwin kawilujengan satemah panjenengan sedaya lan kula saged kempal ing pahargyan wanci punika, kanti winantu ing karaharjan. Mugi-mugi kempal kula lan panjenengan sedaya tansah kinancing dening Allah minangka amal salih, amin, ugi matur nuwun awit paringipun wekdal saking pranoto adicara.
Sesampunipun kula ngunjuaken puji lan puji syukur dumateng Gusti Allah saha shalawat ingkang tansah mbanyu mili rumentah tumrap junjungan Nabi Agung, kanjeng Nabi Muhammad SAW, keparenga kula nglahiraken ancasing sedya wonten ing kalenggahan punika.
Para rawuh kakung sumawana putri ingkang satuhu dahat kinormatan
Kula minangka panyangkul gati pengetan isro miroj siang menika,
Sepisan, kula ngaturaken sugeng rawuh, sugeng lelenggahan ing kalodangan menika kanthi sekeca mardika ing penggalih, mugi-mugi amal kesaenan kula lan panjenengan tansah kacathet minangka amal shalih
Angka kalih, saking panyangkul gati nyuwun pangapunten ingkang tanpa pepindan, mbok menawi anggenipun ngawontenaken pengetan siang menika tasih kathah sanget kekiranganipun winates sanget mboten saged damel karenaning penggalih para tamu, kanthi andap ashore manah keparenga paring pangaksami dumateng ripaduka kula. Janipun sampun budi daya, bade kula damel ingkang sakelangkung mewah ananging kawontenan ingkang winates sanget.
Ongko tigo, ing pangajab dumateng para kaum muslimin muslimat sesampunipun mangke midangetaken wasiat saking Rama Kyai H. Tajudin Ahamad , dadosa obor cecolok penjenengan sedaya lan kula satemah saged nglampahi dawuh-dawuhipun gusti Allah sarto nyingkiri awisanipun, satemah ibadah kula lan panjenengan tansah sengkut. lan saged nggayuh begja dunya lan akhirat, amin.
Ingkang pungkasan, kula minangka panyangkul gati nyuwun ikhlasing penggalih dumateng muslimin muslimat ampun kesoso kondur menawi adicara dereng purna awit mangke bade katutup kanthi hastungkara utawi umbul donga.
Para rawuh kakung miwah putri, maturnuwun awit kawigatosanipun lan nyuwun pangapunten saking sedoyo kekiranganipun, kula aturi nyebar godong triwis sabar sawetawis.
Billahi fi sabilil haq
Wassalamualaikum wr wb
Wekdal kula aturaken dumateng panata adicara
















MBAH KAKUNG 1

Para sesepuh-pinisepuh ingkang tuhu pana ing panawas wiwah lepdo ing pitutur.
Para alim, para ulama, para kyai, para ustad-ustadah, para haji, para hajah ingkang rinten dalu tansah sinanding kitab suci kitab wahyu ilahi Al quranul karim ingkang kula ajeng-ajeng ngelmu lan seserapanipun.
Para pangemban-pangembating praja, Bp. Kades, Bp. Sekdes, Bp Kadus tuhu para perangkat, kinarya songsong agunging para kawula dasih, bp. Kepala desa seperangkatipun ingkang tuhu pantes sinudarsana.
Para rawuh kakung sumawana putri ingkang tansah cinaket ing manah.
Langkung – langkung dumateng panjenenganipun rama kyai ………………..saking ……………….ingkang kula ajeng-ajeng ngelmu lan seserepanipun, ingkang tuhu kinabekten.
Wonten pucuking pengetan wonten ndalu menika sumangga sareng-sareng samiya ngunjuaken puja lan puji syukur konjuk ngarsa dalem Allah , ingkang sampun kepareng mirahaken kekiyatan, tuwin kawilujengan satemah panjenengan sedaya lan kula saged kempal ing pahargyan wanci punika, kanti winantu ing karaharjan. Mugi-mugi kempal kula lan panjenengan sedaya tansah kinancing dening Allah minangka amal salih, amin, ugi matur nuwun awit paringipun wekdal saking pranoto adicara.
Sesampunipun kula ngunjuaken puji lan puji syukur dumateng Gusti Allah saha shalawat ingkang tansah mbanyu mili rumentah tumrap junjungan Nabi Agung, kanjeng Nabi Muhammad SAW, keparenga kula nglahiraken ancasing sedya wonten ing kalenggahan punika.
Kula minangka panyangkul gati (ketua panitia) ngaturaken agunging panuwun dumateng sedaya panitiyos, para bp/ibu langkung-langkung para remaja-remaji ingkang sampun nglonggaraken utawi ngrigenaken pengetan ………..ingkang manggen wonten……………
Kula minangka panyangkul gati, mboten saged ngaturi punapa-punapa, kejawi puja-pudyastuti dumateng Gusti Allah, mugi-mugi panjenengan sedaya bade nampi lelintu ingkang matupa-tumpa
Selajengipun dumateng muslimin-muslimat ingkang kersa ngrawuhi pengetan ndalu punika, pratanda sampun mantep lan sadar dumateng agami islam minangka pitedah kebahagiaan gesang wonten ing alam dunya dumugi ing alam akhirat samangke.
Para rawuh, Al Quran saestu cepenganipun muslimin-muslimat. Allah sampun paring pitedah leres dumateng panjenengan sedaya lan kula ngangge Al Quran.
Pitedah punika perlu, awit lumampah tanpa pitedah saestu badhe manggeh sasar lan susur. Ewa semanten kathah tiyang mboten kersa lan lumuh ngginaakken pitedah wau.
Al Quran punika pitedah ingkang yekti, ingkang nyata lan sejati, ananging pilih-pilih tiyangingkang angsal pitedahipun Gusti Allah
Wondene Al Quran minangka pitedahipun panjenengan sedaya lan kula, lan kados pundi kula lan panjenengantumindak sarana Al Quran, mangke badhe dipun wedaraken dening Rama KH ………………saking ………..kalajengaken hastungkara (doa).
Para rawuh ingkang minulya, kangge anggmeni wekdal, pengetan ……….ndalu/siang punika sumangga dipun bikak kanthi waosan………..
Matur nuwun mugi panjenengan sedaya lan kula pikantuk obor cecoloking lampahanggenipun gesang wonten ngalam dunya angantos alam akhirat.
Krang lan langkungipun mekaten ingkang saged kula aturaken, saestu kathah atur ingkang kurang jangkep, kirang renggep, langkung-langkung tasih tebih rehing basa minggahing kirang terang terwaca kula nyuwun agunging pangaksami / kula cumanthaka mbedah tambaking samudra pangaksami
Wassalamualaikum wr wb
Wekdal kulo konduraken dumateng pranata cara
MBAH KAKUNG 2

Para pepunden sepuh-aji sepuh ingkang satuhu pana ing pamawas miwah lipda ing pitutur.
Para alim, para ulama, para kyai, para ustad-ustadah, para haji, para hajah ingkang rinten dalu tansah sinanding kitab suci kitab wahyu ilahi Al quranul karim ingkang kula ajeng-ajeng ngelmu lan seserapanipun ingkang tansah pinundi.
Para pangemban-pangembating praja, Bp. Kades, Bp. Sekdes, Bp Kadus tuhu para perangkat, kinarya songsong agunging para kawula dasih, bp. Kepala desa seperangkatipun ingkang pantes sinudarsana.
Para rawuh kakung sumawana putri ingkang tansah cinaket ing manah.
Lan mboten kula supeaken, ugi ngaturaken sugeng rawuh dumateng rama kyai haji ………….saking …………….ingkang bade paring obor cecolok ngelmuning agami dumateng masyarakat ing desa………………..
Wonten pucuking adicara, langkung rumiyin sumangga tansah hangunjuaken puja lan puji syukur konjuk ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun kepareng mirahaken kekiyatan tuwin kawilujengan satemah panjenengan sedaya lan kula saged kempal ing masjid …………/balai desa kanthi winantu ing karaharjan.
Mugi-mugi pepanggihan ing siang/ndalu menika tansah kinancing dening Allah minangka amal salih.
Ugi matur nuwun awit paringipun wekdal saking pranata adicara



PEMBAWA ACARA
Assalamualaikum wr wb.


Yang saya hormati Bp. KH. Madrur Sodik dari Kretek Wonosobo yang akan memberi tausiah atau pengajian pada kesempatan hari ini
Yang saya hormati pimpinan cabang syarikat islam kabupaten banjarnegara
Yang saya hormati pimpinan anak cabang syarikat islam kecamatan sigaluh
Yang saya hormati pimpinan anak cabang wanita syarikat islam kecamatan sigaluh
Yang saya hormati Bp. Camat kecamatan Sigaluh
Yang saya hormati pimpinan anak cabang pemuda muslim kecamatan sigaluh
Yang saya hormati Bp kepala desa beserta perangkatnya
Yang saya hormati segenap tamu undangan, kaum muslimin-muslimat yang berkenan hadir dalam acara pengajian rutin ahad manis tanggal 10 April 2011 Masehi
Terlebih dahulu marilah kita panjatkan puja dan puji syukur kehadirat Allah SWT yang senantiasa melimpahkan kekuatan, hidayah dan anugrah kepada kita sekalian. Shalawat dan salam semoga tercurah sanjungkan keharibaan Nabi Muhammad SAW, sebagai panutan kita untuk menggapai kebahagiaan di dunia sampai akhirat, amin amin ya rabbal a’lamin
Hadirin-hadirah jamaah pengajian rahimakumullah
Pada hari ini, Minggu 10 April 2011, pimpinan ranting Syarikat Islam Sidomulyo dan anak cabang syarikat islam Sigaluh beserta Panitia Hari Besar Islam Prigi Sdomulyo menyelenggarakan pengajian Rutin Ahad Pon, namun sebelum pengajian ini di mulai, perkenankanlah saya sebagai pembawa acara membacakan susunan acara yang insya Allah akan terselenggara;
Acara yang pertama adalah Pembukaan.
Kedua Pembacaan Ayat-ayat suci Al quran dan shalawat nabi
Ketiga adalah sambutan-sambutan
Keempat adalah pengajian inti atau uraian hikmah
Kelima adalah penutup
Hadirin –hadirah jamaah pengajian rahimakumullah
Mengingat waktu sudah semakin siang, marilah kita mulai penggajian Rutin Ahad Pon dengan membaca umul kitab, liridhoillah wasyafangati rasulillah ALFATIHAH…semoga dengan pembukaan tadi pengajian pada hari lancar dan berhikmah, sebagai upaya peningkatan ibadah kita, amin amin ya rabbal a’lamin.
Hadirin-hadirah rahimakumullah
Mamasuki acara kedua adalah pembacaan ayat-ayat suci Alquran dan shalawat nabi yang akan dilantunkan Ikhwan Khalim, beliau adalah Siswa MAN 2 Banjarnegara dan pernah menjadi juara 1 MTQ Pelajar tingkat kabupaten Banjarnegara, kepadanya dipersilahkan………………
Demikian tadi lantunan ayat-ayat suci Al Qur’an dan shalawat nabi kepadanya saya ucapkan jaza kumullah khoiron katsiro
Jamaah pengajian rakhimakumullah…
Meningkat acara yang ketiga adalah sambutan-sambutan
Sambutan yang pertama akan disampaikan ketua panitia pengajian, dalam hal ini akan disampaikan Beliau Bp.Yatno, S.Pd, kepadanya dipersilahkan…………….
Sambutan yang kedua akan disampaikan Bp. Hadi Yullah selaku pimpinan SI Kecamatan Sigaluh, kepadanya dipersilahkan…………… Sambutan yang Ketiga akan disampaikan Bp. Camat Sigaluh, kepadanya dipersilahkan

Demikian tadi sambutan yang telah disampaikan Bp. …………kepada Beliau diucapkan terima kasih.
Hadirin jamaah pengajian rakhimakumullah
Acara sementara kami skors terlebih dahulu, kepada group rebana diperkenankan untuk mengisi sesi skors dan kepada segenap panitia untuk mendistribusikan konsumsi………
Hadirin jamaah pengajian yang dimulyakan Allah ………..Acara kami lanjutkan,
Acara selanjutnya adalah uraian hikmah maungidhotul khasanah yang akan disampaikan oleh Bp. KH Madrur Sodik dari, Kretek Wonosobo kepada beliau kami persilahkan………….
Demikian tadi uraian hikmah yang telah disampaikan Beliau Bp. KH Madrur Sodik , semoga kita bisa mengambil hikmah manfaatnya dan mengamalkannya dalam kehidupan sehari-hari, amin, amin ya Rabbal ngalamin
Hadirin hadirah yang berbahagia, sampailah kita pada penghujung acara yaitu doa, marilah kita akhiri pengajian rutin ahad Pon, dengan doa kafarotul majlis, ……………..subhanakallahuma wabihamdika asyhadu ala ila haila anta asytaghfiruka wa atubu ilaihi. Dan terakhir saya sampaikan terima kasih atas kehadiran jamaah semua, mohon maaf atas segala kekurangan, terima kasih atas segala perhatian………. billahi fii sabilil haq…………assalamualaikum……….

Tidak ada komentar:

Posting Komentar